Yo dinggo sing lagi kangen
Spesial gawe sing kroso
Tresnoku ra bakal luntur
Senajan aku wes mbok tinggal lungo
Abot rasane nandang kangen ati
Mergo tresnoku sing gedi
Tansah kelingan awan bengi
Mung biso telfon marang slirahmu
Gawe tombo kangen rinduku
Mergo adoh jarak slirahmu
Mendem kangen njroning atiku
Soyo jeru mung telfon slirahmu
Mendem kangen pengen ketemu
Senajan sak kedep wes marem atiku
Mendem kangen njroning atiku
Soyo jeru mung telfon slirahmu
Mendem kangen pengen ketemu
Senajan sak kedep wes marem atiku
Pancen abot rasane nandang kangen ati
Saben dino kelawan bengi aku tansah
ngenteni
Ngenteni slirahmu neng kene tak tunggu
Mung iso telefon sms yen kangen awakmu
Kabeh kuwi nggo tombo roso kangenku
Mergo kowe wes minggat adoh lungo soko
uripku
Mendem kangen neng njero atiku soyo jeru
Yen aku kelingan kabeh marang esem manismu
Saben kangen mung telefon sms slirahmu
Senajan mung sedelo wes ayem atiku
Nanging opo saiki loro sing tak rasake
Tekan kapan neng kene aku ngempet lorone
Mendem kangen njroning atiku
Soyo jeru mung telfon slirahmu
Mendem kangen pengen ketemu
Senajan sak kedep wes marem atiku
Mendem kangen njroning atiku
Soyo jeru mung telfon slirahmu
Mendem kangen pengen ketemu
Senajan sak kedep wes marem atiku
Mendem kangen sing tak rasake
Rasane koyo mangan tanpo ngombe
Wes sak wulan kowe ra tau ono kabare
Tak telefon sms ora cetho balesane
Mugo kowe gek ndang di sadarke
Nek tresnoku wes mbok gawe koyo ngene
Coro dene nek saiki mung php munine
Yen biyen janjimu sing tok ucapke aku
Njero ning batin atiku ra ikhlas kelanganmu
Roso kangen iki ra bakal tak apusi
Mergo tresnoku nganti sok tekane aku mati
Bakalan lah senajan bumi ra iso di nggoni
Aku bakal tetep ngenteni tresnomu kuwi
Mendem kangen njroning atiku
Soyo jeru mung telfon slirahmu
Mendem kangen pengen ketemu
Senajan sak kedep wes marem atiku
Mendem kangen njroning atiku
Soyo jeru mung telfon slirahmu
Mendem kangen pengen ketemu
Senajan sak kedep wes marem atiku
No comments:
Post a Comment