Wednesday, October 4, 2017

HIP HOP JAWA - DIKIRO PREMAN



Aku dikiro preman karo calon morotuwoku
Aku dikiro gelandangan mergo pakaianku ra karuan
Jangan melihat satu sisi, manusia tiada yang sempurna
Gunakanlah hati nurani, rendah hati dan apa adanya

Izinkan ku menikahi dia, izinkan ku menyanding dirinya
Kan ku buat dia bahagia dengan cara hidupku yang sederhana
Ora sombong mergo kahananku, sak bondomu isih akeh wekku
Sing tak jaluk mung pengertianmu, trimo lan tompo aku dadi mantumu

Calon morotuwo ngiro aku preman
Uripe neng dalan sing ra duwe masa depan
Senadyan awakku iki kebak tatoan
Nanging aku sregep mangkat pengajian

Ojo nyawang menungso soko sandangane
Trimo lan tompo aku opo enenge
Tresnoku nggo anakmu ra ono sing ngalahke
Kulo nyuwun pangestu ben iso mulyo uripe

Trimo awakku iki dadi mantumu
Nek kowe ora gelem anakmu tak ajak mlayu
Mulih neng omah wes duwe anak telu
Kowe dadi isin karo tonggo-tonggomu

Opo koyo ngono sing kok karepe
Opo koyo ngene sing kok pengenke
Ra ono untunge kowe ra ngek i restu
Kabeh kuwi demi kebahagiaane anakmu

Izinkan ku menikahi dia, izinkan ku menyanding dirinya
Kan ku buat dia bahagia dengan cara hidupku yang sederhana
Ora sombong mergo kahananku, sak bondomu isih akeh wekku
Sing tak jaluk mung pengertianmu, trimo lan tompo aku dadi mantumu

Aku dikiro preman karo calon morotuwoku
Aku dikiro gelandangan mergo pakaianku ra karuan
Jangan melihat satu sisi, manusia tiada yang sempurna
Gunakanlah hati nurani, rendah hati dan apa adanya

Jaman saiki morotuwo doyan duit
Nek ra iso ngek i mengko di kiro pelit
Opo kok pikir duit metu soko silit
Waton lungguh ndodok mengko metune duit

Wong urip enak ora mesti sugih bondo
Wong ra duwe bondo durung mesti rekoso
Sing penting gelem kerjo sing penting gelem nrimo
Insyaallah entuk rejeki soko sing kuoso

Izinkan ku menikahi dia, izinkan ku menyanding dirinya
Kan ku buat dia bahagia dengan cara hidupku yang sederhana
Ora sombong mergo kahananku, sak bondomu isih akeh wekku
Sing tak jaluk mung pengertianmu, trimo lan tompo aku dadi mantumu

Izinkan ku menikahi dia, izinkan ku menyanding dirinya
Kan ku buat dia bahagia dengan cara hidupku yang sederhana
Ora sombong mergo kahananku, sak bondomu isih akeh wekku
Sing tak jaluk mung pengertianmu, trimo lan tompo aku dadi mantumu
Sing tak jaluk mung pengertianmu, trimo lan tompo aku dadi mantumu

No comments:

Post a Comment

NDX A.K.A - DITINGGAL RABI

Atiku rasane loro Nyawang kowe rabi ro wong liyo Nangis getih eluhku Remuk ajur rosoku Kowe tego ninggal aku Opo iki wes dalane Kudu ...