Wednesday, October 4, 2017

PENDHOZA - BOJOKU GALAK



Wes nasibe kudu koyo ngene
Nduwe bojo kok ra tau ngepenake
Seneng muring omongane sengak
Kudu tak trimo bojoku pancen galak

Saben dino rasane ora karuan
Ngrasake bojoku sing ra tau perhatian
Nanging piye maneh atiku wes kadung tresno
Senajan batinku ngempet ono njero dodo

Yo wes ben nduwe bojo sing galak
Yo wes ben sing omongane sengak
Seneng gawe aku susah
Nanging aku wegah pisah

Tak tompo nganggo tulus ing ati
Tak trimo slirahmu tekan saiki
Mungkin wes dadi jodohne
Senajan kahanane koyo ngene

Sungguh keterlaluan bojoku sing saiki
Kliru sitik wae aku mesti diseneni
Ameh dolan ro konco kok ora diolehke
Senengane nuduh dikiro lungo ro liyane

Yen wes ngono aku mung biso meneng
Tak jelasno malah mung nggawe kowe sepaneng
Di matamu aku iki ora tau bener
Kabeh mbok salahno rumongso wes paling pinter

Yo wes ben nduwe bojo sing galak
Yo wes ben sing omongane sengak
Seneng gawe aku susah
Nanging aku wegah pisah

Tak tompo nganggo tulus ing ati
Tak trimo slirahmu tekan saiki
Mungkin wes dadi jodohne
Senajan kahanane koyo ngene

Ibarate dele sing uwis dadi tempe
Kudu tak lakoni yen pancen ngene dalane
Abote nduwe bojo sing galak
Nek ra keturutan senengane mencak-mencak

Ra usah di getuni aku kudu kuat ati
Nganti tekan mati slirahmu tetep neng ati
Distel kendo wae tak nikmati uripe
Senajane galak bojoku pancen sing ayu dewe

Kuat dilakoni nek ra kuat ditinggal ngopi
Tetep cinta senajan bojoku galak

Yo wes ben nduwe bojo sing galak
Yo wes ben sing omongane sengak
Seneng gawe aku susah
Nanging aku wegah pisah

Tak tompo nganggo tulus ing ati
Tak trimo slirahmu tekan saiki
Mungkin wes dadi jodohne
Senajan kahanane koyo ngene

Yo wes ben nduwe bojo sing galak
Yo wes ben sing omongane sengak
Seneng gawe aku susah
Nanging aku wegah pisah

Tak tompo nganggo tulus ing ati
Tak trimo slirahmu tekan saiki
Mungkin wes dadi jodohne
Senajan kahanane koyo ngene

No comments:

Post a Comment

NDX A.K.A - DITINGGAL RABI

Atiku rasane loro Nyawang kowe rabi ro wong liyo Nangis getih eluhku Remuk ajur rosoku Kowe tego ninggal aku Opo iki wes dalane Kudu ...