Thursday, October 12, 2017

HIP HOP JAWA - ALUN-ALUN NGANJUK

Lungo tak anti anti kapan nggonmu bali
Mecak e endahing wengi kuto nganjuk iki
Sumilir angin wates nggugah kangene ati
Opo kowe ora ngerteni kowe tak kangeni

Jan marai pekok mikirke wedokan
Utek dadi cuntel marai dadi edan
Wes tak goleki ket ndhisek tekan saiki
Opo koe ra ngerti nek kowe tak kangeni

Rosone abot banget awakku dadi gering
Mikirke wedokan marai ndase miring
Aku ora ngerti kowe lungo neng endi
Sumilir angin wates nggugah kangene ati

Neng alun-alun nganjuk iki tak ubengi
Ming gor nggoleki kowe sing tak tresnani
Rasa atiku saiki dadi loro
Pancen tak akoni nek aku duwe tresno

Opo kowe pancen lali karo janji-janji
Padahal disekseni lampu alun-alun iki
Opo kowe lali karo aku iki
Sanajan aku tresno nganti saiki

Neng alun-alun tak goleki
Terminal stasiun tak ubengi
Senajan setahun tak enteni
Tresnamu sing tak gondeli

Lali tenan to dek nggonmu janji-janji
Disekseni lampu alun-alun iki
Lali tenan to dek karo aku iki
Neng terminal stasiun nggonku nggoleki

Lungo tak anti-anti kapan nggonmu bali
Mecak e endahing wengi kuto nganjuk iki
Sumilir angin wates nggugah kangene ati
Opo kowe ora ngerteni kowe tak kangeni

Nduk ngertio aku dadi koyo ngene
Aku tekan wates mung arep nggoleki kowe
Tresnamu kuwi sing terus aku goleki
Aku ngroso ngene amergo aku wedi

Opo bener dewekmu pancen ora ngerti
Nek tenane aku i love you sampai mati
Kowe ra ngerti rosone dadi awakku
Awakku koyo ngene nganti loro batinku

Balio to nduk yo jo nyiksa atiku
Dan saktenane aku kuwi cinta padamu
Alun-alun nganjuk sing dadi seksine kito
Marang ingkang kowe saktenane aku tresno

Rosone atiku saiki dadi ngenes
Mikirke wedokan pikiran dadi ngeres
Aku nggoleki kowe uwes nganti setahun
Mubeng terminal nganjuk nganti tekan stasiun

Neng alun-alun tak goleki
Terminal stasiun tak ubengi
Senajan setahun tak enteni
Tresnamu sing tak gondeli

Neng alun-alun tak goleki
Terminal stasiun tak ubengi
Senajan setahun tak enteni
Tresnamu sing tak gondeli

Lali tenan to dek nggonmu janji-janji
Disekseni lampu alun-alun iki
Lali tenan to dek karo aku iki
Neng terminal stasiun nggonku nggoleki

No comments:

Post a Comment

NDX A.K.A - DITINGGAL RABI

Atiku rasane loro Nyawang kowe rabi ro wong liyo Nangis getih eluhku Remuk ajur rosoku Kowe tego ninggal aku Opo iki wes dalane Kudu ...